SITUS GUNUNG PADANG ANA NANG MAJENANG







Tilas Peradaban Jawa Kuna
 
   Situs Gunung Padang ora kur ana nang Cianjur thok. Wong Banyumas kudu ngerti, sebab jebulane situs gunung Padang uga ana nang wilayah kecamatan Majenang. Persise nang desa Salebu, kecamatan Majenang, kabupaten Cilacap. Wewujudane ora beda karo sing ana nang Cianjur. Arupa watu-watu glondhongan peninggalan jaman megalitikum pirang-pirang padha temanceb maring lemah.
   Imam Hamidi Antassalam warga sing manggon ora adoh sekang situs kuwe ngandharna lamona ana sebageyan wong sing duwe pinemu menawa watu-watu sing ana nang gunung Padang kuwe fenomena watu-watu sing biasa ana nang gunung. “Miturut nyong, watu-watu kuwe pancen watu biasa. Ningen genah ana campur tangane menungsa. Buktine ukurane meh padha. Banjur ana teknik penyambungan sing ajeg antara siji lan sijine,” kaya kuwe penjelasane Hamidi.
   Ora nana petunjuk apa-apa sing bisa go tengara sapa sing gawe, kapan gawene lan go ngapa watu pathing jlegudhag kuwe detata nurut-nurut. Sing genah nang laladan kono ora nana gunung berapi lan ora nana tilas intrusi magma. Mulane mokal angger watu-watu dawa pathing jlegudhag kuwe tilas semburane gunung mbledhug. Kayadene watu-watu sing ana nang Cianjur, watu-watu sing nang Salebu genah klebu situs prasejarah sing bisa dadi pratandha anane peradaban luhur bangsa Jawa kuna sing umure wis ewonan taun.
   Gunung sing adohe udakara 15 km sekang pusat kecamatan Majenang egin angel banget deambah. Akses mlebu nganah kur bisa nganggo motor. Kuwe bae egin kudu mlaku sing adohe ora kurang sekang telung kilometer. Bapung Angga, kuncen situs Salebu ora paham sarasilahe situs kuwe. Dheweke kur tau krungu dongengan jaman kuna jere situs kuwe ana sambung rapete karo Prabu Ciung Wanara sekang Negara Galuh. “Nyong dhewek ora ngerti watu-watu kuwe anu go ngapa kanggone. Nyong minangka kuncen kur saderma nampa wasiat sekang kaki-nini,” Bapung Angga aweh penjelasan.
   Ndeleng wujude watu-watu nang Salebu bisa go tengara menawa situs kuwe tinggalan jaman megalitikum, yakuwe jaman watu-watu gedhe go perkakas urip. Para ahli sejarah purbakala duwe penemu ana lima jaman prasejarah, yakuwe jaman paleolitikum (watu tua), mezolitikum (watu tengah), neolitikum (watu anyar), megalitikum (watu gedhe), lan jaman logam. Jaman megalitikum dumadi udakara rong juta taun kepungkur. Angger kaya kuwe rikala rong juta taun kepungkur nang Majenang wis ana peradaban luhur sing bisa natah watu dadi dawa-dawa lan nyambung watu sing tugel jumbuh karo sing dekarepna.
   Tumrape studi sejarah peradaban bangsa nusantara, watu-watu peninggalan purbakala nang Salebu duwe makna sing penting banget. Angger teyeng ngungkap fakta-fakta sejarah sing ana nang situs Salebu, tegese bangsa Indonesia bisa ngawruhi hebate peradabane leluhur bangsa nusantara. “Masyarakat umume kur padha ngerti sejarah kawit jaman Majapahit gutul Mataram sing bacute maring jaman kolonial lan masa kemerdekaan. Moga-moga bae ana ahli sejarah purbakala sing bisa nemokna fakta-fakta sejarah hebate bangsa nusantara sing wis kasil nguwasani lautan lan njajah separo bumi,” Hamidi mungkasi pengendikane. (Yus).

Popular posts from this blog

MAKNA SIMBOLIK PADA PROPERTI BEGALAN

KONSEP KARYA TARI SELIRING GENTING

KEBUDAYAAN LOKAL BANYUMAS SEBAGAI KEKUATAN PARIWISATA