MUDHIK LEBARAN ANTARA TRADISI LAN MASALAH SOSIAL
Wis temapak wulan Puasa. Sedhela maning lebaran utawa bada. Sing padha nang paran padha mudhik bali maring tanah wutah getihe. Ketemu sedulur, balung pisah padha ngumpul maning. Sing adoh dadi pedhek. Sing pedhek tambah anget remaket. Padha teyeng adu pengalaman lan adu kesusksesan. Sing padha ngodhe padha nggawa bali kasil, teyeng males kebecikan maring wong tuwa.
Tradisi mudhik kaya sing tinemu aben lebaran udu mbeke wingi-wingi bae. Tradisi kuwe wis lawas banget, malah wis ana seurunge Islam mlebu maring nuswantara. Sewetara ahli duwe pinemu menawa tradisi mudhik ana gandheng-cenenge karo sejarah bangsa Indonesia sing keturunan Melanesia asal sekang Yunan, Cina. Kecrita menawa bangsa Yunan klebu bangsa sing seneng ngulandara utawa ngembara nggolet penguripan. Aben taun nang wulan sing deanggep penting njalari wong-wong sing padha ngembara njur padha bali maring daerah asale saperlu nganakna ritual kapercayan.
Dhong jaman purba Indonesia ana upacara aben taun sing ngemu surasa manunggal karo leluhur sing njampangi uripe pawongan nang sawijining panggonan. Upacara sing kaya kuwe sekiye egin tinemu kanthi wujud sadranan, bresih desa, ngalaksa, seren taun, ngarot lan egin akeh liyane maning. Nang ngkono ana usaha menungsa minangka jagad gumulung (mikro kosmos) manunggal karo alam seisine minangka jagad gedhe (makro kosmos) lan roh leluhur arupa mitos-mitos minangka meta kosmos. Wujude upacara kanthi cara reresik raga, nglakoni rialat, ziarah kubur, nanggap kesenian kanthi lakon mitologi leluhur cikal-bakal desa, njur pungkasane padha kendhuren. Ritual sing kaya kiye rikala jaman Majapahit malah deanakna dening kluarga kerajaan.
Mbasa Islam mlebu maring nuswantara, ritual primordial mau ora deilangna. Ngareh jumbuh karo ajarane, banjur wulan sing deanggep penting depilih wulan Puasa kanthi lebaran minangka dadi wektu kanggo ngumpul. Tradisi sing wujud nyekar maring kuburane leluhur, padusan nang sendhang utawa nang kali, lan ngirim panganan maring sanak sedulur, kabeh mau delakoni searepe mlebu wulan Puasa ora kinarya wujud inkulturisasi Islam maring budaya seurunge. Wektu lebaran wong-wong sing padha lunga utawa manggon nang papan sing adoh banjur padha bali maring tanah klairane saperlu ngabekti maring wong tuwa, sedulur, lan para luhur sing uwis sumare.
Tembung mudhik kosok balen karo milir. Kuwe ana gandheng-cenenge karo masyarakat kuna sing ndadekna kali minangka sarana transportasi sing penting banget. Mudhik tegese munggah maring tuk sumbere kali. Dene milir tegese mudhun maring muarane kali. Mudhik uga duwe teges bali, ndesa utawa kampung. Njur milir duwe teges mangkat, pasar utawa kota. Mudhik ora kur ateges bali ndesa lan kumpul kluarga, ningen uga duwe dimensi kultural nyawiji karo kabeh sedulur lan kluarga. Ora nana sanksi sosial utawa dosa sing njalari mlebu neraka tumrap wong sing ora mudhik. Ningen nang ngkono ana surasa sing gegayutan karo urip bebrayan agung lan usaha njaga keselarasan tumrap kabagyan kabeh kluarga. Mulane mudhik dadi prekara mirunggan tumrap urip sing optimis, rumaketing paseduluran, lan gegayuhan olih rejeki sing lewih murakabi nang dina kapingarepe.
Tembung mudhik sengsaya populer degandhengna karo lebaran jane urung suwe. Udakara awal pertengahan dasawarsa 1970-an Jakarta mujud dadi kota gedhe sing ngalami kemajuan luwar biasa. Jakarta sing depimpin dening Gubernur Ali Sadikin (1966-1977) kasil desulap dadi kota metropolitan. Jakarta kontan dadi pusat orientasi sosial, budaya, politik, lan pemerintahan. Tumrap pawongan sekang kota liya lan desa-ngadesa, Jakarta dadi kota impen sing go jujugan. Wong ndesa padha rombongan maring Jakarta nggolet kodhean. Akeh-akehe sing padha maring Jakarta kaum penginyongan sing padha ora mangan sekolahan lan padha beyungen. Ibarate sikil sing siji mlangkah maring Jakarta, ningen sikil sing sijine egin kepengin magrok napak nang ndesane. Kabeh duwe pengangen-angen gagean teyeng ngodhe, olih dhuwit akeh njur dadi sugih, urip moncer, lan duwe legitimasi dadi wong sing pengalaman.
Wong ndesa kluthuka angger wis saba Jakarta ya rumangsane wis pengalaman. Bali ndesa teyeng crita kambi kanca batir hebate kota Jakarta. Sing desengi crita gumun, banjur kepengin melu mangkat. Kanthi kesadaran sing kaya kuwe, sapa bae sing ngodhe nang Jakarta, ora kur ngrasa perlu olih legitimasi sosial anane dheweke nang ibu kota, ningen uga teyeng ngetonena eksistensi pribadine maring wong liya sing kur bisa kleksanan angger bali ndesa. Lebaran dadi kalodhangan sing pas go keperluan sing kaya kuwe. Sebab, dina bada seliyane ngemu surasa ritus keagamaan sing kuat, uga minangka dadi kalodhangan go kumpul kluarga. Mudhik dadi kamuflase anane semangat olih legitimasi sosial lan ngetonena eksistensi-ne. Nang ngkono mula bukane mudhik dadi tradisi sing kaya-kaya nduweni tuk sumber kabudayan. Tradisi mudhik nang dina lebaran lewih desebabna dening prekara bebrayan. Wong-wong sing padha mudhik kaya-kaya wis padha sukses, apa kuwe sukses nang wujud materi apa kuwe sukses nang tataran bebrayan.
Tradisi mudhik uga dadi tuladha ketergantungan desa maring kota. Status sosial wong pidek pejarakan nang desa kayong aeng bisa mlumpat maring lapisan elite lokal. Ngodhe maring Jakarta dadi srana ngareh mobilitas sosial bisa liwat tung “jalan tol” go ngunggahna status sosial. Bakul bakso, sroto utawa bakul jamu sing sukses, angger bali maring desa bisa langsung mlebu maring strata ndhuwur. Mulane ukuran kesusksesan urip nang kota sering dadi beban sosial wong sing padha mudhik. Wis dadi ciri wanci, crita sukses kudu depamerna maring tangga teparo. Dadi ngrayakna kemenangan nang dina lebaran ora kur nang tataran makna religius, ningen uga gutul maring segi material. Biasane sing urung sukses milih ora mudhik ngasi duwe identitas ekonomi utawa status sosial sing bisa depamerna.
Arepa kepriwe mudhik lebaran tetep akeh manfaate. Tradisi mudhik mujudna darma baktine anak maring wong tuwa. Sing temiba dadi anak gelem mlaku adoh, nggawa olih-olih sepirang-pirang, lan ngentongna dhuwit sepirang-pirangsing perlune ngareh bisa sungkem, ngabekti maring wong tuwa. Mudhik uga nuduhna anane paseduluran sing ora bakal pedhot. Kanthi mudhik sapa bae bisa nggathukna balung pisah, nyambung tali paseduluran. Mudhik dadi srana kebo bali maring kandange. Kanthi mudhik sapa bae bisa kemutan maring asal-usule. Kanthi mudhik uga bisa dadi srana nyawijine kebhinekaan sosial, budaya, lan adat-istiadat. Ningen sing lewih wigati depikir wening, kanthi anane mudhik ngganua aja kur dadi srana romantisme sing konsumtif. Kudu depikir kepriwe carane urbanisasi bisa decegah kanthi majokna tanah wutah getih. Desa aja kur dadi papan ndhedher winih sing angger wis thukul njur deliar maring kota sing wusanane desa kur dadi tanah cengkar tanpa thukulan. (YUS)