KOTA LAMA BANYUMAS

Dening Yus Wong Banyumas

Kota lama Banyumas debangun rikala Banyumas molaih dejajah dening Walanda sebubare perang Diponegoro minangka kota praja sing dadi pusat pemerintahan Kadipaten Banyumas. Semenane sing dadi panguwasa nang Kadipaten Banyumas aran Adipati Cakranegara (1816 -1830) sing njur lumuntur maring putrane sing nunggak semi kanthi gelar Adipati Cakranegara I (1832- 1864). Pembangunan kota praja sing minangka pusat pamrentahan nang laladan Banyumas kiye egin terus disempurnakna ngasi putrane Adipati Cakranegara I nyekel pamrentahan Kadipaten Banyumas kanthi tetenger Adipati Cakranegara II (1864 -1879).

Nang kono egin ana tinggalan wujud bangunan Kadipaten Banyumas lengkap karo pendhapane sing wujud campuran antarane arsitektur Landa lan arsitektur Jawa. Sekekere dalem kadipaten ana bangunan-bangunan arsitektur Landa sing dinggoni sentana dalem Kadipaten kayata, Pangeranan, Kepatihan, lan liya-liyane. Nang prenah sisih wetane dalem Kadipaten ana pusat perekonomian wujud pasar tradisional Banyumas lan bangunan arsitektur Landa sing dadi umah sewa tumrap kaum Tionghoa.

Sekang wujud peninggalan sejarah kiye bisa dingerteni menawa rikala semana penjajah Landa mbagi kekuatan nang Banyumas dadi telung perangan:
1. Kekuatan pemrentahan dicekel dening kaum ningrat
2. Kekuatan perekonomian dicekel dening kaum Tionghoa
3. Kekuatan perkebunan lan pertanian dicekel dening wong cilik

Ngasi wektu dine kiye kota lama Banyumas egin lestari, senajan wis ana wewangunan sing padha ambruk lan diganti wewangunan anyar. Ngganua kabeh wewangunan kota lama Banyumas tetep lestari. Kuwe kabeh bias dumadi menawa ana usaha nyata sekang Pamrentah Kabupaten Banyumas lan anane kesadaran sekang kabeh masyarakat nang laladan kota lama kuwe.

Popular posts from this blog

MAKNA SIMBOLIK PADA PROPERTI BEGALAN

KONSEP KARYA TARI SELIRING GENTING

PRODUKSI BATIK BANYUMASAN