DOLANAN TRADISIONAL KETINGGALAN JAMAN APA NDHISITI JAMAN?
Seliring genting rangu-rangu bang sikatan
Sikatane gawe rutuh
Rutuh-rutuh bedhil gedhe
Onekena sanggal bale
Dor
Bocah sepirang-pirang padha mlaku baris cekelan pundhake kanca sing nang ngarepe kambi tembangan bareng-bareng. Sekang kadohan keton kaya pepethan ula. Salah sijine bocah ana sing methal dhewek. Mbasa gutul pungkasaning tembang bocah sing mau nang methal dhewek mlumpat njur adu arep kambi kancane sing agi baris. Ana bocah loro sing padha omong-omongan, njur bocah sing mau methal dhewek nguber-uber bocah sing dadi buntut nang barisan kuwe. Sing nang ngarep ngadhang-adhangi. Sing nguber karo sing dauber padha-padha trengginase. Ningen sing nguber teyeng lewih gesit merga dhewekan mulane suwening suwe buntute kena. Sing dadi buntut banjur genti dadi sing tukang nguber buntut. Kaya kuwe seteruse.
Kuwe minangka salah sijine conto dolanan tradisional asal sekang laladan Banyumas sing aran Seliring Genting. Nang ngkono ana pelajaran sing penting banget tumrap bocah. Seliyane dadi srana olahraga supaya awak dadi sehat, bocah-bocah ya latihan tembangan, latihan kekompakan barisan, latihan strategi tanding, latihan kompetisi kanthi cara sing terbuka lan jujur, lan sepiturute. Kur gedhene sekang dolanan Seliring Genting bae bocah bias sinau wrena-wrena kanggo pengalaman urip nang dina kapingarepe.
Magane nang laladan Banyumas ana atusan dolanan tradisional kaya dene dhamplongan, gambol, gathengan, kasbal, uluk-umbul, sodoran, cuthatan, incrit, unclang, kaci, lan jonjang. Ana maning sledhur, sapu tugel, angkup-angkup, pluk-pluk blang, jolali jolalobang, cuwek angge-angge, benthik, unthet, lan komprang. Njur ana maning, kasbal, cis, clam-clim, panggalan, tujon, jam-jaman, dham-dhaman, umbul, cemeh, kao, jagoan, bedoran, lithongan, semutan, dut-dut kiradut, seliring genting, lepetan, ula-ula klabang, mbubat, masang uthi-uthi, njontrot, jamuran, lan sundha-mandha. Dolanan nang kali ya ana contone langen, kunclungan, slipat, sileman.
Nut jaman kelakone. Sekiye wis udu jaman sepur lempung sing kur cukup klambi karung tapih bebed wala. Sekiye wis temapak maring jaman modern sing sekamubarang kebutuhan urip cemawis. Butuh apa-apa gari milih nang toko utawa super market. Kabeh kebutuhan wis tharik-tharik. Kabeh kepenginan lan kekarepan dejonjon dening produk-produk pabrikan sing pathing glebyar. Bocah kepengin dolanan sewernaning dolanan sekang sing paling murah gutul sing paling larang ya ana.
Kabeh sawernaning dolanan tradisional nang alam bebrayan jaman sekiye genah keton banget wis ketinggalan sepur. Keri njaman. Ora ngetrend. Ora nggumunena. Angger dolanan scooter sing teyeng ngglindhing dhewek nganggo mesin be ana, kenang apa kudu dolanan egrang utawa upih? Angger ana dolanan mobil-mobilan sing nganggo remote control kenang apa ndadak gawe dolanan glindhingan sekang tepes? Kaya bumi karo langit. Dolanan modern serba nggumunena, dolanan tradisional wujude sederhana, ora pakrak.
Banjur, apa perlune dolanan tradisional sing wis padha ilang kegiles jaman kudu dekedhuki maning lan deurip-urip? Pitakonan kaya kuwe sengsaya akeh keprungu nang jagad bebrayan urip sedina-dina. Seora-orana ana rong werna alasan kenang apa dolanan tradisional kudu deuri-uri lan dikembangna. Sepisan, dolanan tradisional ngemu pelajaran sing penting banget tumrap bocah supaya kreatif, produktif, mandiri, lan duwe kadiwasan ngadhepi sewernaning kahanan. Alaming bocah ya alam dolanan, minangka srana nimba pengalaman. Angger aben dina dejejeli dolanan pabrikan, ya malah debodhol. Merga duwe rasa kepengin ngerti kenang apa mobil-mobilan teyeng mlaku, robot-robotan teyeng obah dhewek utawa golek sing ayu mincis-mincis teyeng moni. Banjur kepengin mbukak. Merga urung ngerti carane mbukak mur utawa nyopot tangsel, ya banjur desebrak wusana dadi bodhol. Beda kambi dolanan jaman gemiyen. Bocah bias nganam pikir ngolah rasa, gawe pengangen-angen wewujudan utawa pepethan sing tau deweruhi. Mula banjur dadi prigel gawe apa bae sing dekarepna.
Kapindhone, dolanan mujudna tinggalan leluhur sing duwe karakter lan wujud sing bias go mbedakna antara bangsa siji lan sijine. Nang babagan kiye, Kyai Ahmad Tohari sing uga sastrawan kondhang sejagad tau ngendika, “Awake dhewek lair dadi wong Jawa kuwe takdir. Dadi angger padha precaya maring Gusti Allah mesthine kudu precaya maring takdir. Takdire wong Jawa ya urip cara Jawa. Aja padha latah kudu cara Arab utawa cara Landa.” Pengendikane Kyai Ahmad Tohari penting banget merga nang ombak kombuling jaman kelakone, awake dhewek sekiye paribasan wis remuk buyer kegerus alam globalisasi. Ya kur sing padha teguh cekelan waton sing ora bakal kendhang kegawa banjir bandhang lan kontal kegawa barat gedhe.
Anane kanoman sekiye ora kreatif ya merga kahanan sepuluh taun kepungkur, dhong kanoman-kanoman kuwe agi temapak dadi bocah. Lembaga pawiyatan jaman sekiye ngadhepi kahanan owah gingsiring jaman sing banter kaya barat gedhe. Langkah instan banjur padha delakoni kanthi cara lewih mentingna utek tenimbang kadiwasaning pangrasa lan tindakan. Kabeh mau jere ngareh kanoman mujud dadi menungsa unggul lan kompetitif. Kahanan sing kaya kuwe banjur kaya tumbu menangi tutup karo pemikire wong tua sing kepengin anak-anake padha pinter nggolet sandhang pangan mbesuke.
Wong tua ngrasa ora cukup angger anak-anake sinau kur nang lingkungan kluarga lan lingkungan sosial kanthi cara ngenger utawa nyantrik. Kawit cilik bocah wis deweleg program dwi-bahasa, mental aritmatik, lan apalan-apalan pelajaran liyane. Aben dina bocah wis duwe jadwal sing bek mencep-mencep. Esuk sekolah. Bali sekolah kudu turu go ngaso. Tes turu kon les. Sore tes adus gari ngaji. Wengi sinau. Tes sinau gari turu. Esuke deulangi maning kaya kuwe. Bocah wis ora duwe maning wektu go dolan. Bocah ora duwe wektu go ngrasakna endahe wektu cilik sing dingo nggolet pengalaman lan imajinasi kreatif.
Kanggo ngadhepi kahanan sing kaya kuwe mau, kabeh debalekna maring peran sekolah lan wong tua. Angger sekolah lan wong tua ora nyangoni kearifan lokal maring bocah, ya bocah ora bakal ngerti jatidirine minangka dadi sewijining bangsa. Angger sekolah lan wong tua ora kreatif ngenalna dolanan tradisional maring bocah, ya gari tunggu wektu baen generasi Banyumas kapingarepe kur mujud dadi generasi sing onggrongan, jlubud, lan ora produktif. Lha angger kaya kuwe, jenenge dolanan tradisional ketinggalan jaman apa ndhisiti jaman? (yus).