MUSEUM WAYANG AJA KUR DADI GUDHANG

    Nang kota lama Banyumas ana sewijining museum sing dingo majang lan nyimpen maneka werna wayang. Museum kiye madeg rikala taun 1982 sing deada-ada dening Yayasan Sendang Mas. Muane banjur dejenengi Museum Wayang Senang Mas Banyumas. Ana pirang-pirang wrena wayang sing depajang nang ngkono, antara liya wayang kulit Kidang Kencanan, wayang golek, wayang suluh, wayang sadat, wayang gedhog, wayang krucil, wayang kancil, wayang dupara, wayang suket lan liya-liyane.
    Anane muweum wayang nang Banyumas kudune bisa dadi plekara wigati tumrap kabeh wong Banyumas, molahi sekang Pemrentah, jagading pawiyatan, ngasi gutul warga masyarakat sekabehane. Sebab, wayang sewetara wektu kepungkur wis desahna dening UNESCO (Lembaga PBB sing ngurusi pawiyatan lan kabudayan) minangka world culture harritage (warisan kabudayan dunya) sing mertandhani wong Jawa duwe kabudayan sing deakoni nang wong sedunya.
    Ewa semana ngasi wektu dina kiye Museum Wayang Sendang Mas sing deupakara dening Pamrentah Kabupaten Banyumas urung dengerteni nang wong akeh.  Museum sing kudune bisa dadi pusat dokumentasi lan panaliten llmiah, pusat pawiyatan, pusat ngresepi karya seni, pusat kanggo mawuhna masyarakat maring kabudayan bangsa, papan pariwisata, tumangkare ilmu lan kawruh, suaka alam lan suaka budaya, kaca benggala sujarah menungsa, alam lan kabudayan, uga sarana sukur lan manembah maring Gusti Sing Mahakwasa, nyatane temiba kur dadi kaya gudang sing ora kerumat. Magane dhong jaman kuna museum mujudna panggonan suci kanggo manembah maring Dewi Seni lan Ngelmu. Nang ngkono dadi papan kumpule wong-wong pinter. Ningen temibane nang Museum Wayang Sendang Mas kayong adoh slungsate. Panggonane rumpek lan ora deupakara semesthine, mulane ora mokal angger langka wong sing padha gelem ngambah.
    Magane museum wayang kuwe jane duwe kekuatan supaya dadi panggonan sing ngedab-edabi, gawe gumun maring sapa bae. Kekuatan sing paling utama yakuwe anane gagrag pakeliran Banyumasan sing wrena loro, yakuwe gagrag Kidul Gunung lan gagrag Lor Gunung. Pakeliran gagrag Kidul Gunung olih pengaruh sekang gagrag Mataram (seurunge ana gagrag Solo-Jogja), dene gagrag Lor Gunung olih pengaruh sekang gagrag Surakarta. Seliyane kuwe jagad pewayangan nang laladan Banyumas uga ora kur wayang kulit thok. Nang Banyumas ana wayang nit-ning, wayang golek, wayang suket, lan wayang liya-liyane. Angger deupakara kanthi becik, mesthi bae bakal dadi jujugan sekang endi papan.
    Aja maning ngrembakani jagading permuseuman jaman sekiye, museum seliyane dadi obyek uga dadi subyek. minangka obyek, museum dadi papan paran jujugan wong-wong sing duwe kepentingan. Dene minangka subyek, museum minangka lembaga sing bisa kanggo lantaran mujude karakter lan citra warga Banyumas sekukubane. Lokalitas Banyumas sing wujud wayang bisa dingo pamer maring wong sejagad menawa wong Banyumas duwe kabudayan sing luhur, ora kalah karo kabudayan bangsa liya.

11 PELAJAR POSITIF HIV/AIDS
   
    Seora-orane 11 pelajar nang Kabupaten Cilacap depesthekna ketularan virus Human Immunodeficiency Virus and Acquired Immuno Deficiency Syndrome (HIV/AIDS). Eloking kahanan bocah-bocah kuwe egin padha dadi pelajar, sekolah nang tingkat SMP lan SMA. Kahanan kuwe adhedhasar data nang Klinik Voluntary Concelling and Testing (VCT) Cita Cahaya, RSUD Cilacap ngasi sasi Juni 2014.
    Manager Kasus VCT Cita Cahaya, RSUD Cilacap, Rubino Soeradji ngandharna menawa sekang asil wawancara, bocah-bocah kuwe padha ketularan HIV/AIDS merga padha nglakoni sex bebas kanthi gonta-ganti pasangan. Wektu sekiye nang Kabupaten Cilacap kecathet ana cacah 550 wong sing kenang HIV/AIDS. Sekang cacah semono antara liya klebu pelajar SMP lan SMA sing cacah 11 kuwe mau.
    Rubino ngandharna menawa salah sijine bocah sing ketularan penyakit kuwe dengerteni sewektu dheweke lara panas. "Pasien wis degawa maring Puskesmas ningen ora mari-mari, banjur derujuk maring rumah sakit. Mbasa depriksa jebulane dheweke positif terinfeksi HIV," ketrangane Rubino, Rebo (2/7/2014). Rubino banjur medheki bocahe sing wusana njur ngaku menawa dheweke nglakoni saresmi kambi kanca-kancane kanthi cara gonta-ganti pasangan. Pelajar sing egin sekolah nang SMP kuwe crita, mula-bukane dheweke sering mbolos sekolah. Gole mbolos ora bali ngumah, ningen nglayab maring pesisir.
    "Dhong agi nang pesisir dheweke depedheki sewenehing pelajar SMA wadon, banjur desengi saresmi,” clathune Rubino kanthi nyebut salah sijine pesisir nang laladan Cilacap. Telung wulan seuwise kumpul karo bocah wadon SMA mau, bacute Rubino, si bocah SMP mbolos sekolah lan dolan maring pesisir maning. Dheweke ya njur kumpul karo wadon liyane maning sing jere egin nganggo seragam sekolah SMA lengkap. "Mbasa wis udakara wektu setaun, si bocah SMP lara panas.," bacute.
    Anane kedadeyan sing kaya kuwe, jan temen-temen gawe githok mengkirig. Ingatase bocah sekolah bae wis padha kenang penyakit kaya kuwe. Kabeh mau kudu dadi pangerten kabeh wong tuwa. Mulang anak ora cukup degebah-gebah supaya bener utawa decukupi fasilitas uripe sing ora kalah karo kanca batir.
    Pendidikan menungsa ora cukup kandheg nang pengerten thok. Kudu tumus maring nurani lan rasa sing paling jero, njur mujud maring omong sekecap, gunem seklimah, lan laku setindak. Kabeh kuwe tumuju maring urip sing magepokan karo sesamaning menungsa, sesamaning tumitah, alam seisine lan maring Gusti kang Akarya Jagad. Pendidikan ora cukup kur kandheg nang pengajaran minangka transfer of knowledge and transfer of skill. Sing lewih wigati banget yakuwe transfer of value sing butuh tuladha-tuladha becik sekang wong-wong sing nang sekubenge.
    Akeh wong tuwa sing padha salah gole ndidik bocah. Rasa tresna deketonena kanthi cara nyukupi kabeh kebutuhan lan kepenginan sing asipat materi. Pendidikan moral njur ketlingsut tiba maring longan. Mulane anane kasus bocah padha kenang HIV/AIDS ora bisa kur nyalahna maring si bocah. Wong tuwa kudu ngilo apa wis trep gole mulang-muruk maring anak-anake sing degadhang-gadhang kapingarepe bakal nerusna pengimpene wong tuwa bisa njala langit lan nawu segara. Bocah kudu dekendhaleni kanthi nilai moral, nilai etika, nilai ketuhanan, lan nilai kamanungsan kaya dene sing mujud nang adat lan tradisi. (HB)

MBAKONE LAYU KAUM TANI PADHA TUNA
   
    Taun kiye ana udan salah mangsa. Gutule mangsa siji (Kasa) nang sasi Juli kiye egin ana udan deres. Kahanan kaya kuwe wis gawe kapitunan sing ora sethithik tumrap warga nang tlatah Kecamatan Karanggayam, Kabupaten Kebumen. Winih mbako sing mbeke detandur nang kaum tani padha layu njur mati. Magane gole padha tuku winih mbako akeh-akehe padha gole utang. Angger ora bisa panen genah kura kur tuna thok, ningen uga ora bakal teyeng nyarutang dhuwit sing deutang go tuku winih.
    Kepala Desa Karangrejo, Kecamatan Karanggayam, Kabupaten Kebumen, Achmad Bahrun, mertelakna lamona nang taun kiye mangsa ketiga ora bisa dekira-kira. Ngasi gutul wulan Juli sing kudune wis ketiga nglathak malah egin gelem udan gemrejeg. “Anane udan salah mangsa njalari wargane nyong padha nandhang kapitunan sing ora sethithik. Aben somah udakara tuna sejuta rupiah merga winih mbako sing detandur padha layu wusana padha tumpes”, kaya kuwe pengendikane Achmad Bahrun.
    “Bisa-bisa wargane nyong padha ora teyeng nyarutang dhuwit utangan sing wis go tuku winih mbako. Gelem ora gelem kaum tani kudu tuku winih maning, njur detandur maning nang lahan sing wis degarap,” bacute.
    Seperangan warga padha ora wani nandur mbako maning nang lahane, merga padha wedi mbok egin ana udan. Mulane banjur nandur palawija go nggenti mbako sing wis padha tumpes. Ningen seperangan warga ana sing nekad nandur mbako maning. Wong-wong sing padha nekad duwe wewengan angger langka mbako mesthi mengko regane dadi larang. (HB)
   
LEBARAN, SIAP PANEN
   
    Kabupaten Kebumen duwe papan pariwisata sing wrena-wrena pisan. Ana pesisir, ana guwa, bendungan, lan uga ana artefak sejarah. Kabeh mau wis kasil dadi paran jujugan wong-wong sing padha plesiran. Mulane ngadhepi lebaran, Dinas Pariwisata dan Kebudayaan (Disparbud) Kabupaten Kebumen siap-siap panen wisatawan nang pirang-pirang obyek wisata sing wis desiapna.
    Sekretaris Disparbud Kabupaten Kebumen, Wuryanto, ngandharna menawa sajrone lebaran obyek-obyek wisata nang laladan Kebumen deajab bisa detekani nang wisatawan cacah 376.500 kanthi asil Pendaparan Asli Daerah (PAD ) udakara 1,7 miliar rupiah. “Nang laladan Kebumen wis demekarna panggonan-panggonan pariwisata antara liya guwa Jatijajar, pesisir Logending, pesisir Suwuk, pesisir Petanahan, benteng Van der Wijk, waduk Sempor, lan waduk Wadas Lintang,” kaya kuwe pengendikane Wuryanto. Obyek-obyek wisata kuwe kasebar nang sekukubane Kabupaten Kebumen, sekang lor gutul kidul, sekang wetan gutul kulon.
    “Ana loro obyek wisata unggulan nang Kabupaten Kebumen, yakuwe Guwa Jatijajar lan Pesisir Suwuk sing nang laladan Kecamatan Puring. Rong panggonan wisata kuwe aben taune kasil nyedhot wisatawan paling akeh,” bacute. Kuwe ora ateges panggonan wisata liyane langka pengunjung. Pesisir Logending lan pesisir Petanahan, umpamane, tetep akeh wong-wong sing padha plesir. Ningen asile urung bisa ngungkuli obyek wisata unggulan cacah loro mau.

PENAMPEN CPNS TUNGGU PUSAT
   
    Penampen CPNS sekang formasi umum nang Kabupaten Banjarnegara ngasi sekiye urung genah, egin nunggu keputusan sekang Pamrentah Pusat. Bupati Sutedjo Slamet Utomo ngandharna menawa gutul seprene egin nunggu sekang Pusat. “Kayonge Pemrentah Pusat urung aweh jawaban penjaluke Pemkab Banjarnegara ngenani kekurangan Pegawai Negeri Sipil sing deajokna. Moga-moga ora suwe maning gagean mudhun,” kaya kuwe pengendikane.
    Sebanjure Bupati njelasna, Pemkab wis ngajokna maring Pemrentah Pusat, utamane go ngiseni formasi sing egin kosong. Antara liya guru mata pelajaran tertentu, dokter spesialis jantung, tenaga kesehatan, arsitek, ahli tata kota, tenaga kebersihan lan lingkungan hidup. Formasi-formasi kuwe wis ndhesek banget kudu deanani dingo ngawekani owah-gingsiring kahanan sing mbutuhna tenaga-tenaga ahli nang bidange. Kebutuhan tenaga ora kur ngemungna sarjana thok, ningen uga lulusan SMP lan SMA. Kuwe kabeh jumbuh karo formasi sing debutuhna.
    Sutedjo nambahi, perkara sing deadhepi Pemkab ora kur ngisi formasi sing kosong thok. Ana 1.082 tenaga honorer kategori 2 (K2) sing seprene uga urung deangkat lan Satpol PP sing wis deangkat dadi Pegawai Tidak tetap (PTT). Pengangkatan tenaga honorer K2 lan Satpol PP deajab bisa deleksanakna kanthi nimbang suwene masa pengabdian lan umur. Kuwe kabeh kudu detimbang merga akeh sing wis padha ngabdi lawase punjul sekang 10 taun lan umure sengsaya tuwa. “Ora sethithik tenaga-tenaga kuwe sing meh ngadhepi masa pensiun. Mulane kudu gagean deangkat,” bacute.
    Kurange tenaga nang Satuan Kerja Perangkat Daerah (SKPD) lan Lembaga Teknis Daerah (Lemtekda) pancen banget derasakna. Akeh pegawean sing padha gothang merga kurange tenaga sing debutuhna kanggo ngrampungi pakaryan. Moga-moga usulane Pemkab bisa dekabulna ngareh nang dina kapingarepe Pemkab Banjarnegara bisa ngayahi pakaryan sing lewih optimal jumbuh karo tugas pokok lan fungsine.

Popular posts from this blog

MAKNA SIMBOLIK PADA PROPERTI BEGALAN

KONSEP KARYA TARI SELIRING GENTING

PRODUKSI BATIK BANYUMASAN