KLILAN NYONG NGASO NANG PANGKONMU




Klilan nyong ngaso nang pangkonmu
Yung
Kaya jaman gemiyen
Dhong mbeke goar lair
Kalung usus gudrah banyu kawah
Rika uwat inyong obah
Rika ngeden inyong mrekengkeng
Dadi daya ngancik alam padhang

Klilan nyong ngaso nang pangkonmu
Yung
Tembungmu dadi japa
Luhmu dadi tamba
Tangismu tedhas ati
Kaya kidung sing mbalung sungsum
Dadi kekuwatan cipta rasa karsa

Sekiye nyong urip kaya watu nang kali
Aben dina nubruk mbentus didu wedhus
Bareng klawan ilining banyu

Inyong sayah
Yung
Kepengin ngaso nang pangkonmu
Kaya jaman gemiyen
Dhong mbeke goar lair
Kalung usus gudrah banyu kawah

Comments

Popular posts from this blog

MAKNA SIMBOLIK PADA PROPERTI BEGALAN

KONSEP KARYA TARI SELIRING GENTING

KEBUDAYAAN LOKAL BANYUMAS SEBAGAI KEKUATAN PARIWISATA