Sunday, April 20, 2008

NGUDANG WIDADARI NURUNNA UDAN

Sisih kulon layunge mencorong abang semu kuning, kuning semu abang. Mblerengi sesawangan. Tembung jere, angger ana layung sing kaya kiye, kudu gawe pedhiang geni oman nang njaba umah. Merga ngger ora gawe pedhiang bisa maraih mata dadi beleken. Senajan tembung jere, ningen nyatane wis bola-bali kedadian ngger mangsan layung kaya kiye mesthi akeh wong padha beleken. Matane padha abang rebes persis kaya matane kaki semar. Jere. Mbuh ngkanane ana gandheng cenenge layung, pedhiang lan beleken, apa ora, nyong dhewek ora ngreti. Sing genah, angger mangsa terang lawas njur ana layung pawongan desane inyong mesthi padha gawe obong-obongan merang.

Wektu semono Nini Randha Dhadhapan njagong ngethepes karo kecemat-kecemut nginang leweh-leweh nang batur umahe sing mung ceblokan saka papat karo nyawang geni pedhiang sing mrekakah mongah-mongah. Kukuse ubleng mendhuwur kaya rebutan gutul nglangit. Wusana ilang kebuncang angin sore sing semilir gawe kekesing ati. Pikirane Nini Randha kayong suwung. Sawah secliwik sing dinggo gantungan urip wis garing clengkring, padha nela go umah jangkrik. Banyu penguripan dadi lewih aji ketimbang emas. Agep ora lewih aji kepriwe, esuk sore awan bengi, wong urip tansah mbutuhna banyu kanggo kebutuhan uripe. Sajrone njagong njugug dhewekan suwening suwe kewetu nyebawa, “O alah Gusti, Gusti, deneng kaniaya temen urip inyong. Ngrengga awak segluntung bae rekasa”.

Ningen Nini Randha banjur mikir lewih jero, “Iya, inyong urip dhewek, ora ngrengga kluarga. Lha kae, Kaki Setra, Kaki Naya, Si Dhadhap, Si Waru, sing anake padha pathing kreyik esih cilik-cilik. Jajal, padha mangan apa, marah.” Njutan Nini Randha Dhadhapan nglenggana. Mbok menawa wis dadi garising pepesthen. Urip kudu dilakoni. Menungsa nang alam dunya lir wayang saumpamane. Kur gari manut karo si dhalang. Abang birune uriping menungsa nang astane Gusti Sing Kwasa.

Embuh sekang endi sangkan parane, ujug-ujug kaya ana kekuatan sing manjing maring raga wadhage Nini Randha. Nini-nini sing seuwen-uwen urip dhewekan, dumadakan kaya kempi-kempi maring widadari sing mung ana nang dongeng ngger agep mapan turu. Kaya ngapa enggane saumpama nang umah kiye ana widadari sing ngancani uripe. Nyekseni urip sing rekasa kelunta-lunta. Nyekseni impen-impen endah sing mung kandheg nang sajroning turu. Nyekseni pati sajroning urip, urip sajroning pati. “O, alah, Gusti, nyong kepengin urip dikubengi widadari sing ayu moblong-moblong. Lunga teka mawa dalan ngkuwung sing ngganther mlengkung kanthi maneka werna sing banget endah.”

Nini Randha njur gregah menyat, keplas mlayu maring pedangan njukut irus. Enjet sing werna putih memplak sing biasane go laru angger nginang, didulit nganggo jenthike, njur dioles-olesna nang bathok irus, jebles kaya raining menungsa. Setleraman mripate weruh ana oman nang ndhuwur para, banjur dijikot. Parane madan dhuwur. Kareben teyeng njikot oman sikili Nini Randha dijinjitna, ning kepeksa ora gutul. Njur dilanjak-lanjak ping kopang-kaping. Sikile sing menges ireng belok lepot ketutupan tapih pinjung katon trengginas. Jebles kaya sikil kidang sing lagi pencolotan nang ara-ara amba andum kabagyan. Oman segebung wis kena diranggeh, terus dilolori nyiji-nyiji, dirakit dadi rambut, dadi klambi, dadi tapih. Irus sing maune mung bedhama kanggo olah-olah, siki jebles kaya wujuding wadon.

Bola-bali disawang. Lambene sing nyonyor merga nyusur dina mengi mencas-mencos kayong agi ngomong sing ora kewetu. Kaya ana kekarepan sing urung kesembadan. Praupan sing asale bombong, siki kayong ana mendhung sing nutupi, wusana keton suntrut. Ora ngreti apa sing dipikir lan dirasa. Ujug-ujug rerupan wadon sing digawe sekang irus mau digawa metu nglatar dibalangna maring lebuh. Nini Randha bali njugug kaya watu nang eper umah sing mung payon welit kuwe.

Nang sisih lor katon umahe Nini Sinah. Lawange sing nang ngingsor pompok katon dibukak. Ana ayam dhere metu sekang pedangan metung lawang. Dumadakan jago sing maune agi koreh nang lebuh, weruh dhere mau banjur kedadak mlayu ngoyok. Dhere sing lagi brahi ora mlayu, mung ndhekekel nang ngarep lawang. Jago sing katon gagah pideksa gage nucuk ndhasing dhere. Ora let suwe njur munggah. Ayam skloron padha andon katresnan, nyipati garising pepesthen nerusna keturunan.

Nini Randha mesem. Kelingan kayangapa rasa sing tau dianam bebarengan karo Kaki Kastari, guru lakine sing siki wis dipundhut Sing Kwasa. Ayam skloron wis padha saba dhewek-dhewek, ning pikirane Nini Randha esih nggladrah maring jaman ngkuna sing wektu saiki ora bakal klakon maning. Dheweke rumangsa dadi widadari sing ayune tumpuk-undhung. Sapa wonge sing ora kesengsem ndeleng rupane. “Inyong sipat widadari. Tumurun sekang kahyangan nunggang ngkuwung adus nang sendhang.”

Impen tekane widadari banjur teka maning. Gawang-gawang nang pandeleng. Nyawang langit, kaya ana widadari sing mabur tanpa lar, mesem ngguyu sumeh ayu rupane. Mripate diucek-ucek kanggo ngilangna wewayangan sing kaya kasunyatan. Setleraman nyawang ngalor kaya ana widadari nang pucuking gunung Slamet sing kemulan mega. Semena uga nang sisih wetan, nang lengkehing gunung Sindoro-Sumbing kaya ana widadari sing agi padha srimpen. “O, alah Gusti. Ngalamat apa kabeh kedadiyan kiye. Deneng kayong nyata temen, wewayangane widadari mau. Apa bener widadari ana nyatane, apa mung dongeng sedurunge mapan turu?”

Nini Randha banjur anut keteging batin sing paling jero. Sikile tumapak, mlaku ngener maring umahe Nini Sinah. Gutul ngarep lawang banjur ngayeg-ayeg, ora ngreti agep ngapa. Cangkeme blangkemen. Mripate mung keyap-keyip nang tengahing sepi sing tanpa sebawa. Mung swarane jago kluruk karo manuk prenjak sing ngganther-ngganther sesauran. Umah kayong suwung, ning lawange dibukak. Nini Sinah nang endi anggeren. Apa agi turu, apa agi bruwun nang kebonan go lawuh nyore. Embuh, ora ngreti.

Nang ontob pager pedangan katon bedhama go olah-olah pathing srelap. Ana soled, ana sorok, ana irus, lading lan liya-liyane. Pikirane Nini Randha sing maune ngewangwung, dumadakan mak gregah kemutan rerupan wadon sing digawe sekang irus sing wis dibuang maring lebuh. Batine ngucap, “Lha kiye, ana irus sing cocog digawe rerupan widadari kaya sing diimpi-impi.”

Tumpal tapihe decincingna, banjur mlebu maring pedangan mlaku cingkigan. Tungkake sing belaken dijunjung dhuwur, kedhemek-kedhemek, nuju maring irus sing semelap nang ontob. Garan irus sing esih ngleni ana lenga campur banyu bat nggo olah-olah, dicekel. Ceg. Banjur didudut. Lerrr... lolor sekang selapan. Gageyan Nini Randha ngetepet bali ngumah.

Mlakune Nini Randha kebat, ora let sue gutul pedangane dhewek. Enjet sing nang padon, oman sing ngglethak nang jogan, kaya disaut gesit. Sedhela bae rerupan wadon sing nganggo irus wis dadi. Jebles kaya widadari sing nang pangimpen.

Dinane sengsaya sore, wayah surup srengenge. Pitik iwen wis padha ngandhang. Tangga teparo wis padha ngaso. Ningen Nini Randha malah metu ngumah nggawa irus widadarine. Ora kemutan adus, ora kemutan nyore. Irus widadarine tansah digamblong-gamblong kanthi tetembangan:

Sulasih sulanjana kukus menyan ngumdhang dewa
Ana dewa ndaning sukma widadari tumuruna
Runtung-runtung kesanga sing mburi karia lima

Leng-leng guleng, gulenge somakaton
Gelang-gelang nglayoni, nglayoni putria ngungkung
cek incek raga bali rogrog asem kamilaga
reg-regan rog-rogan
reg-regan rog-rogan

ana ganjur loro-loro
ganjure si lara sati nurunaken udhan

lutung-lutunga ngilo ngiloa njaluk udhan
reg-regan rog-rogan
reg-regan rog-rogan

ana kolang kaling mateng di tutur udhan-udhan
reg-regan rog-rogan
reg-regan rog-rogan

Ana manuk uruk-uruk udhan sebiyang-biyang dandan kinang
Mantu rika agi teka aja suwe-suwe ndandan
Sedhek keri dolan
Sedhek keri dolan

Isi tembange Nini Randha Dhadhapan ngemu surasa ngundang tekane widadari lan rasa kepenginan tekane udan. Eloking kahanan, tembang dadi japa. Suwening suwe, irus sing asale mung dikudang, dumadakan teyeng obah dhewek. Njungla-njungla kaya dhong agi dikudang. Tangane Nini Randha sing asale ngetokna tenaga ngunggahna karo ngudhunna irus, siki kosok balen, genti digawa munggah mudhun nang irus sing wis kepanjingan widadari. Tembange Nini Randha sengsaya suwe sengsaya seru tur banter, bareng karo njunglane irus sing wis kepanjingan widadari.

Wis pirang-pirang wengi Nini Randha ngudang irus widadari karo nembang sing wusanane dadi mantra. Nang wengi sing kaping pitu, langit keton ngregemeng ireng. Hawane beda karo padatan. Sing biasane atise njekut, wengi kiye kayong bringsang. Wulan sing padatan sorote kinclong-kinclong padhang, saiki peteng ndhedhet ketutup mendhung. Tembange Nini Randha ora mandheg, malah sengsaya gothot jumbuh karo njungla-njunglane si irus widadari.

Hawa anget sing njalari bringsang, suwe-suwe malik dadi tremun-tremun grimis. Nini Randha ora krasa ana grimis sing wiwit tumiba. Seumpama krasaa, ya, paling-paling ngarani mung uyuh kinjeng. Jaragan agi terang klathak. Dheweke lewih sengsem ngudang widadari sing manjing nang wadhaging irus. Ora let suwe, grimis sengsaya deres, malik dadi udan gemrejeg. Lemah dadi teles, mili banyu. Gegodhongan lan tanduran keton murub kinclong kesorot senthir sing dicanthelna nang anaman pager. Ambune lemah sing mbeke kenang banyu udan arum awangi. Ambu sing banget diimpekna nang kabeh kaum tani sing selek kepengin nggarap sawahe.

Werta ngenani Nini Randha sing unggal wengi tetembangan karo ngudang irus sing maraih dadi udan gelis semebar maring sadhingah wong. Presasat kabeh wong kepengin weruh kaya ngapa irus sing kepanjingan widadari mau. Kabeh padha semlengeren, bareng weruh irus mau sing jebul didandani, diperang-perong, dicawang-cowong. Sateruse, rerupan wadon sing digawe sekang irus mau diarani cowongan. Pawongan nang laladan Banyumas precaya menawa ana terang lawas, men gageyan ana udan padha nirua Nini Randha Dhadhapan, gawe cowongan lan ditembangna. Widadari sing manjing maring wujud wadhag irus diprecaya nekakna udan sing asale sekang ngkuwung sing go liwat sekang kahyangan mudhun maring alam dunya. Inyong dhewek, orang pati dhong, jan-jane widadari sing manjing sajroning cowongan kuwe mung gugon-tuhon apa ana nyatane. Sing genah gutul seprene wong laladan Banyumas esih akeh sing nganakna cowongan semangsa-mangsa terang lawas.

No comments: